Searching...
Selasa, 04 Maret 2014

antarane sms, kangen & Doraemon


Suara kenong di thuthuk metu aring spiker hapene mas sastro, ana pesen pendek alias SMS mlebu sekang nomer sing ora ana jenenge " ah sopo maneh iki.." ( mbandeke sastro kadang ejih metu )  ternyata informasi alias woro-woro.. intine undangan melu nyekseni alias nonton pentas seni "panggih Manten khas kebumen " karo sendratari... nang TMII  ngesuk minggu 16 Maret 2014..

Undangan jebule sekang pak Bambang Ris,, Bagian HUMAS WALET MAS, Trus gagean Mas Sastro Kelingan ngger wes tau ketemu pas ngumpul bareng kanca lawas nang Locale.. tapi mas Sastro kayane urung tau tilpun balik apa maning ketemuan maning.. jan ....

Crita Pak Bambang jan jane juga ana sangkut paute karo salah sijine anake dulure mas Sastro, arane Mbah Sukendar, anu gemiyen jenenge mandan moncer dari kontraktor nang bumen, trus anake juga kesangkut karo masalah "sensitif" th 65 gemiyen kae...
Nah, jebule pak Bambang kue kancane Kang Imam... anu dasare mas Sastro jaman gemiyen wonge cuek kaya bebek, ya ora ngerti akeh , nek ngerti tur kenal ya jelas... tapi nek masalah liyane ya ora dongBlas.. wkwkwkwk...
Trus Mas Sastro gagean telpon Yulinem,   dulur wadone mas Sastro , Nyai Yulinem sing Dines aring kec. Puring. Takon tentang Kang Imam, jebule ana crita sing mandan ora penak... oalah ya wis,  nah bar kue Sastro ora kelingan maning garep ngapa .....

kue critane pak bambang...

Nek Walet Emas ana critane maning..

Gemiyen jaman ora kepenake mas satro ( siki be isih... ) tau ketemu kanca sekolahe sing pengen banget bisa mlebu aring komunitas walet emas, jare kue kumpulane wong top..., yah.. dasare sastro tur bagol... ya tetep ora mudeng ( jaman semanane lho...) tapi dasare wonge be gigih, ya siki wes dadi wong top juga .... mbuh merga walet apa iwak mas apa apa mbuh... malah wes munggah kaji mbarang...

intine sih ngger paguyuban kue wes suwi , tur apik,   jare... ( kayane iya sih...)

Kebumen, bayangane Sastro Bagol mbalik meng jaman mbiyen agi urip nang kota kelairane... sing wes suwi ditinggal, gur ditiliki be setaun pisan ora mesti... tapi tetep gawe kangen. mugane siki mas sastro mandan rajin mertamu aring grup grup wong bumen nggo tamba kangen..

wes cukup mbayangna Pak Bambang kare walet emase...tapi barang mikirna tanggale, mas satro dadi kelingan karo anak wadone sing nembe ditinggal ngode nang Batavia... kayane ko abot temen ora bisa  ngumpul karo ngapakers... tapi ya pada bae, abot temen ngger ora ketemu anak wadone, pada pada kangene lah...., ning sing siji kue sing marai abot, anake siki wes ngrasa ora iklash ketemu ramane gur sedhelat sedhelat thok, wes ngujar jare pengen kaya gemiyen ngumpul maning... malah dipamiti ora gelem semaur, ora gelem di sun, gur nglongok sekang jendela karo mbrebes mili... kebayang kepriben mas sastro atine kaya diris iris peso khusus mbeseti iwak nang restoran jepang.... ( hadah....medenei temen ya...)

saking abote mas satro gole mikir, jebule tangane sing siji ejih nyekel rokok, nganti entng nang tangane trus keslomod... njegagig langung mlumpat sekang kursine... gubrak... barang garep tangi kesrimpet sarunge... maning maning.... gubrak !... oalah kangennnn kangennn...... Ngger kaya Doraemon mbok enak ya... gari nggo "LAWANG MENGENDI BAEN.....!"



0 komentar:

Posting Komentar

 
Back to top!