Searching...
Selasa, 04 Maret 2014

refreshing - Bagol Nggolet kathok




Mamake Bagol wis rong ndina lewih mangkat meng Hongkong ,ninggali bojone karo anake si Bagol

Lagi panas2 nggampleng si Bagol ketone kaya lagi kebingungan nggoleti mbuh apa, nganah ngeneh wis di acak2 tapi ketone sing di golet Bagol durung ketemu.

Bapake Bagol sing ketone lagi leyeh2 ge kpaksa keganggu nang anake..

BAPAKE : koe lagi nggoleti apa si Gol? ngrungsebi matane bapakmu temen...."
BAGOL  : brisik pak,kaya weruh sing tek golet bae rika,,,,kie mesti mamake sing ndeleh.asem jan..,ngapa2 angger ndeleh primpen temen kaya harta karun bae "
BAPAKE : ya wis nganah di telp bae mamake,"

Akhire bagol manut. maring konter tuku pulsa 50ewu ben cukup nggo telp, anu duit ulih adol budin
ora urusan,ora urunan.pkoke nek lagi karep embat bae...

Wis tuku pulsa langsung di telp mamake

"tuuuuttttttt.....tuuuuutttttt"
suara neng jero telp nandakna nek kue lg ngenteni sing njawab

sing ngangkat: hello....
BAGOL : halo mak,mamake..kie rika apa udu?"
sing ngangkat: hello ser...can you speking english?"
BAGOL: alah englis2an ngapa lah,wis gegian enyong arep telp mamake,ana apa ora?
sing ngangkat: hello....
BAGOL : Hela ,helo baen rika,endi mamake enyong koh,tukiyem geneng..tukiyem...ana apa ora?"
sing ngangkat: tukiyem?
BAGOL: iya tukiyem...gegian lah...ora usah kakeen omong sih......
sing ngangkat:(ketone lagi nyeluki wong)tukiyem....tukiyem......ana telp nggo koe.."
BAGOL : sih lah,deneng pada baen wong ngapak ,gayamu nganggo speking2 sgala..

mamake : halo..!
BAGOL : halo mak...mamake,wis gutul geneng rika yah...sehat mbok mak?
mamake : wis ora usah kakeen basa koe lah,angger udu gara2 koe tuli enyong ora abur2an kaya kiye....
BAGOL : lha ya sante ma,aja giri2 ngegas.kaya kie be mbok anake rika...
mamake: uwis...gagian gari ngomong...ana apa jane koe telpon nyong...?
BAGOL: mak,,mki enyong lagi nggoleti katok...tapi ora nemu2...rika si ndelehna nang ndi mak..??
mamake: uuuu......dasar bocah GEMBLUNG,
teyenge ngentong2na duit tok....
TELPUN LARANG LARANG TUr ADOH ADOH TEKAN HONGKONG UGUR GAREP TAKON KATHOK DISIMPEN NGENDI...?!...!
teyenge apa si koe??!
wis pateni telpone,kathoke wis tek doli kabeh nggo mangkat meng ngeneh...
kemplung....gemblung...

-----------------------------------------
Nah kue dulur...sekang crita neng duwur bisa nggo patokan,dadi intine "aja telpon nek ora penting2 banget ! eman eman pulsane....wkwkwkwk

editan sekang dulur ngapak : Sigit Fajar Saputra


1 komentar:

 
Back to top!